Pages

welcome to my site

User Login

On Selasa, 01 November 2011 0 komentar

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Puji panuwun konjuk ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha-welas-asih, awit samukawisipun nugraha ingkang sanityasa tumanduk dhumateng titah ing ngarcapada. Saestu bingah raosipun manah-kula dene ing dinten menika saged tumut nekseni acara mirunggan, inggih pawiwahan dhaupipun penganten ingkang regeng-regu sinongsongan rahayu.
Pinangka purwaka, kula ngaturaken panakrami dhumateng para sepuh, pinisepuh, ajisepuh, sumarambah para kadang wredha lan taruna, kakung lan putri ingkang sampun kempal-manunggal ing sasana pawiwahan menika. Tamtu kemawon kanthi pangajab, mugi-mugi kalodhangan menika saestu ngraketaken kekadanganipun brayat ageng ing Pacitan lan gotrah ageng saking Ngayogyakarta.
Ngemban jejibahan pinangka cundhakanipun atur saking Bapak Mujiono sagotrah, langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksama, dene sampun kumawantun cumanthoka ing ngarsa panjenengan sedaya. Salajengipun, kula nyuwun lilah, mugi dipunkeparengaken matur, mirungganipun dhumateng Bapak Sumardi.
Dene wosipun atur, kula piniji dening kulawarga saking Samirono Ngayogyakarta supados amasrahaken risang atmaja calon penganten kakung, inggih Dhimas Sapta Sutrisna, putra wragilipun Bapak Mujiono lan Ibu Rubiyah ingkang sampun kanthi mantebing tekad sumedya amethik sekar kinarya sesumping, inggih sekar mlathi ingkang angganda marbuk arum saking laladan Pacitan, Jawi Wetan. Sekar menika boten sanes kejawi putri pambayunipun Bapak Sumardi lan Ibu Sukini, inggih ingkang wewangi Rina Febi Pratiwi.
Kanthi linambaran tulusing pangajab, kula pinangka talanging basa Bapak Mujiono sabrayat, amasrahaken calon penganten kakung, inggih Sapta Sutrisno, tumuli kadhaupna kaliyan Rina Febi Pratiwi, nut tataning agami lan negari, ugi jumbuh kaliyan adat salebeting kabudayan Jawi.
Mekaten wosipun atur-kula. Kejawi menika, kula ugi nyuwun pangaksama hambokbilih anggen-kula sakadang pangombyongipun calon penganten kakung pinarak sowan ing dalem ngriki kirang netepi trapsila.
Purnaning atur, kula pribadi nyadhong aksama awit saking kirang jangkeping atur lan tatakrama. Mugi Gusti ingkang Maha-agung tansah paring lumintuning nugraha dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kuwawi ngestreni pahargyan menika ngantos paripurna.
Nuwun,

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

0 komentar:

Posting Komentar