Pages

welcome to my site

User Login

On Selasa, 01 November 2011 0 komentar

Assalamualaikum Wr Wb
Nuwun !
Dumatheng panjenenganipun Bapa Kepala Dinas Pendidikan Pemudha dan Olahraga Kabupaten Kebumen ingkang pantes sinudarsono,
Dhumateng Pangemban pangembating praja satriyaning negari ingkang tansah kulo bekteni,
Dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu juru pambiji Sesorah ingkang tansah kulo hormati,
Dhumateng Bapa/Ibu Dwija Basa Jawi Pandamping panyarta Adu wasis sesorah ingkang kulo hormati saha, dumatheng para panyarta adu wasis sesorah ingkang kulo tresnani.
Saderengipun kulo nyuwun agunging pangapunten amargi kumowantun cumantaka matur ngadeg wonten ngarso panjenengan sedoyo
Saperlu ngaturaken sesorah ingkang hanggadahi Irah-irahan ‘GUMREGAH NGGAYUH KUNCARANING BANGSA’
Slajengipun sumangga kulo aturi sesrengan ngunjuaken raos puji syukur dumatheng ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring kasarasan, karaharjan, sahenggo wonten enjang meniko kita taksih saged kempal manunggal hangrawuhi adicara asu wasis sesorah basa Jawi
Sholawat soho salam mugi tansah katetepaken Allah SWT dumatheng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun benjang wonten yaumul qiyamah allohuma amin!
Sagung para rawuh kakung miwah putri ingkang kula hormati
Kita sedoyo angertos bilih Bangsa Indonesia sampun mijil 64 tahun kepengker, ananging bangsa meniko taksih tebih katilar dening bangsa-bangsa sanes , meniko kedah dipun galeh sareng-sareng. Menopo ingkang andamel bangsa kita mboten enggal-enggal majeng ? ananging wonten salebetipun gangsal warsa pungkasan , bangsa Indonesia sampun ngedalaken kemampuan aslinipun, kathah para siswa ingkang nggondol medali emas wonten Olimpiade Fisika, Matematika, lsp. Menika mratandakake bilih bangsa Indonesia sanggup Gumregah ngoyak ketinggalan saking bangsa-bangsa manca
Indonesia inggih meniko nagari ingkang subur, gemah ripah loh jinawi lir kadya kolam susu, wonten ingkang mastani miniature swarga.
Negari Khatulistiwa ingkang anggadahi iklim tropis, kedahipun ndamel rakyat Indonesia Otot kawat balung wesi kiyat mboten tertandingi, panas ingkang sumelet kados kawah candradimuka andamel tiyang Indonesia rajin twin kiyat.
Mboten naming mekaten, wonten tlatah nuswantara mriki sampun nate mijil kerajaan-kerajaan ingkang adi luhung,ingkang nggadahi nami arum, kadasta Majapahit twin Sriwijaya, meniko bukti bilih wiwit atusan tahun kepengker tlatah Nuswantara samupun kesohor endahipun soho majengipun.
Majapahit kanthi armada perang ingkang agung, ingkang mboten saged dikalahaken dening bangsa-bangsa asia. Bangsa Indonesia sampun ngalami perjuangan nglawan penjajah atusan tahun kanthi korban mayuta-yuta. Menopo badhe kita kesupenaken jasa mulya utama saking para pahlawan kita ? Sampun ngantos, jalaran Bangsa ingkang agung inggih bangsa ingkang ngagungaken pahlawanipun.
Sagung para rawuh kakung sumawana putrid ingkang tansah kinurmatan !
Sedoyo wau, minangka tuladha bilih bangsa-bangsa ing tlatah Nuswantara sampun nate majeng, mila mekaten, smeniko jamanipun kita bangsa Indonesia majeng mbesat ing gegana kadasta Gatotkaca.
Panci, sedoyo meniko kuwaosipun Gusti Allah SWT ananging kita kedah ngupayaaken supados Indonesia cepet-cepet majeng.
Kagem nambah semangat kita anggenipun cepet-cepet nggayuh kuncaraning bangsa , kulo aturaken carios saking R. NG. Ronggowarsito,cariosipun mekaten :
Mbenjang Indonesia bakal kapimpin dening :
1. SATRIYO KININJORO MURWO KUNCARA (Satriya ingkang dipun kunjoro nanging murwo kuncoro wonten saendenging donya nun inggih Ir. Soekarno)
2. SATRIYO MUKTI WIBOWO KWSANDUNG KASAMPAR ( Satriyo ingkang sugih ananging dhawah saking kekuasaan amargi korupsi/ H.M Soeharto)
3. SATRIYO SUMELAING ATUR (Satriyo ingkang naming njabat sekedap sanget/ Bp. B.J Habibi)
4. SATRIYO LELONO JAGAT TOPO NGRAME (Satriyo ingkang remen dolan ananging inggil ilmu agaminipun/ Gus Dur)
5. SATRIYO PININGIT HAMONG TUWUH ( Satriyo ingkang mimpin amargi Kharisma bapakipun)
6. SATRIYO BOYONG PAMBUKANING GAPURO( Satriyo ingkang mbikak gerbang kemajuan inggih meniko SBY)
7. SATRIYO PINANDHITO SINISIHAN WAHYU (Satriyo ingkang ngalim twin pikantuk ilham saking gusti Allah kagem majengaken Indonesia)
Nembe sedoyo mboten saged dipercados ananging saged nambahi semangat kito bilih insya Allah bakal Indonesia badhe cepet-cepet nggayuh lintang kemajengan.
Panjenengan saged mriksani bukti bilih bangsa wonton donya meniko ingkang ekonomi nipun positif nalika krisis, naming Cina, India twin Indonesia tigang negari ingkang bakal nguwasani donya, insyaallah.
Pramila monggo ingkang taksih rumaos warga Indonesia, ingkang taksih rumaos mijil wonten Indonesia, ingkang taksih pengen mangertos majengipun Indonesia, kita sareng sareng mlajar ngoyak katilaran wonten bidangipun piyambak-piyambak, supados Indonesia cepet majeng mbesat ing gegana, sumunar kadasta bagaskara,mugiya Gusti Allah tansah paring kekiyatan dumatheng kita sedoyo amin. !
Mekaten atur kulo mbok bilih anggen kulo matur kathah kelenta-kelentunipun, kirang subasita mboten naming kulo nyadong sih agunging samudra pangaksama
Wassalamualaikum Wr. Wb

0 komentar:

Posting Komentar